Halaman

Rabu, 11 Juli 2012

Narasi "Mbah Bejo"


Wacana Narasi
Mbah Bejo
            Wonten tiyang sampun sepuh ingkang makarya wonten sabin. Asmanipun Mbah Bejo. Sabin ingkang dipungarap menika sanes kagunganipun piyambak, nanging namung titipan saking tiyang sanes. Mbah Bejo gesang piyambakan wonten gubug sacelakipun sabin. Mbah Bejo menika ulet, rajin, lan sabar. Panjenengaipun ugi bekti sanget dhumateng Gusti, mila boten nate nilar anggenipun sembayang. Tabuh 4 enjing Mbah Bejo sampun wungu saperlu sembayang Subuh. Kalajengaken cecawis pirantos kangge makarya wonten sabin.
            Dinten menika Mbah Bejo ketingal remen sanget, amargi sabin sampun wancinipun panen. Mbah Bejo sampun boten kantos, tabuh 4.30 sampun tindak dhateng sabinipun, kaliyan ngasta arit lan ani-ani. Mbah Bejo tindak kanthi manah kebak pangajeng-ajeng supados panen dinten menika langkung sae, kathah, lan barokah.
            Dumugi sabin Mbah Bejo kaget sanget, mirsani pantunipun sampun mosak-masik kenging lesus. Panjenenganipun namung saged muwun kemawon wonten galengan. Panjenenganipun matur dhumateng Gusti, “Dhuh Gusti, menapa klentu kula? Menapa dosa kula? pantun ingkang dados pangajeng-ajeng gesang kula risak sedaya. Menawi mekaten kersa Panjenengan, kula ikhlas lan pasrah kemawon. Mugi-mugi Paduka dalem paring menapa kemawon ingkang langkung berkah.”



1.      Mbah Bejo menika gesang wonten...
a.       wonten gubug tebih saking sabin
b.      wonten gubug celak saking sabin
c.       wonten gubugipun tiyang sanes ingkang tebih saking sabin
d.      wonten gubugipun tiyang sanes ingkang celak saking sabin
e.       wonten sabinipun tiyang sanes
2.      Napa buktinipun bilih Mbah Bejo kagungan sipat rajin?
a.       Mbah Bejo makarya wonten sabin
b.      Mbah Bejo nyuwun dhumateng Gusti supados dipun gantos menapa kemawon ingkang langkung sae
c.       tabuh 4 enjing mbah bejo sampun wungu saperlu sembayang subuh
d.      dalemipun mbah bejo celak saking sabin
e.       Mbah Bejo boten kantos manen pantunipun wonten sabin
3.      Ukara ing ngandhap menika trep kaliyan wacan wonten nginggil, kejaba...
a.       wonten tiyang sampun sepuh ingkang makarya wonten sabin
b.      Mbah bejo gesang piyambakan wonten gubug sacelakipun sabin
c.       tabuh 4 enjing Mbah Bejo sampun wungu saperlu sembayang Subuh
d.      Mbah Bejo sampun boten kantos, tabuh 4 sampun tindak dhateng sabinipun, kaliyan ngasta arit lan ani-ani
e.       Mbah Bejo menika ulet, rajin, lan sabar
4.      Wonten donganipun Mbah Bejo nyuwun...
a.       sabin enggal
b.      sabin piyambak ingkang boten gadhahipun tiyang sanes
c.       gubug enggal lan celak saking sabin
d.      pantunipun saged sae kados saderengipun
e.       menapa kemawon ingkang langkung sae

Tidak ada komentar:

Posting Komentar