Halaman

Rabu, 11 Juli 2012

Wacana Argumentasi "Sekaten"


Sekaten

Sekaten utawa pasar malem kuwi biasane dianakake wektu arep ana Maulid Nabi Muhammad SAW.  Sekaten saiki mung dadi saranane para panguasa kanggo jupuk atine wong cilik. Wong-wong cilik mau padha ngalap berkah kanthi rebutan sesajen sing digawe gunungan.
Namung makna ing sekaten ora mung kuwi, ing ngisor iki tak jlentrehake mekna miturut panyarweku dewe.
·         Sekaten yaiku pasar malem kanggo hiburan para warga, amarga akeh wong padha dodolan kanthi rega kang murah. Saliyane iku akeh dolanan kang maneka werna.
·         Sekaten bisa nambah reraketing kluwarga. Panggonan dolanan kang maneka werna ora mung kanggo cah cilik. Saiki akeh dolanan sing bisa kanggo cah cilik lan cah gedhe, kayata dermolen, ombak banyu, omah setan, lsp. Kluwarga sing maune ora tau metu omah, merga ana sekaten gelem metu omah bareng kanggo refreshing  lan dolanan bareng.
·         Sekaten minangka panggonan kanggo kenal marang bebrayan. Merga sekaten, sing maune ora kenal dadi kenal. Ing sekaten kuwi sing teka ora mung saka Jogja, nanging uga akeh sing saka njaba kutha Jogja. Mila bisa ndadekake kitha akeh kanca.
·         Sekaten minangka tandha syukur marang Gusti Ingkah Maha Dumadi. Ing sekaten dianakake mbagi-mbagi sesajen rupa gunungan asil palawija saka panguasa marang wargane. Kabeh mau uga nuduhake menawa panguasa preduli marang wargane lan para panguasa ngucap syukur marang para warga sing wis ndukung deweke.
Nanging, miturut pamanggihku puncak adicara sekaten kuwi ana ing adicara wektu padha rebutan gunungan, gamelan ditabuh, lan wektu Maulid Nabi Muhammad.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar