Halaman

Rabu, 11 Juli 2012

Pacelathon


PACELATHON
Akbar W         :2601409061
Bangkit SA     :2601409060

Bapak    : “Assalamu’alaikum.”
Ibu         : “Walaikumsalam. Sampun kondur Pak? Kula damelaken unjukkan rumiyin nggih.”
Bapak    : “Uwis Bu. Iya, pancen bojo paling oye tenan Ibu ki, pangerten yen bojone wis ngelak.”
Ibu         : “Ah kula dados lingsem Pak. Menika Pak teh’e. Dipununjuk rumiyin Pak.”
Bapak    : “Ya ya Bu. (sruupuutt). Lho kok rasane ora kaya biasane ya Bu? Pait.”
Ibu         : “Gendhisipun telas Pak. Bapak nggih sampun seminggu dereng maringi arta kangge blanja.”
Bapak    : “Astagfirullah, ngapuntene ya Bu. Bapak durung isa menehi dhuwit blanja maneh. Nganti dina iki mau we durung kasil anggonku golek gaweyan. Mandor ngendi-endi ra ana sing kersa nampa Bu.”
Ibu         : “Nggih sampun Pak, ingkang sabar kemawon. Sedaya menika sampun wonten ingkang ngatur. Ingkang wigati Bapak sampun boten kirang anggenipun ngupaya. Ngenjang nggih Insa Allah saged makarya malih.”
Bapak    : “(srupuut) Bu, saiki teh’e kok malih legi ya?”
Ibu         : “Lho kok saged ngoten Pak?”
Bapak    : “Lha ngombeku karo nyawang kowe kok Bu.”
Ibu         : “Hmm, Bapak menika pinter menawi ngrayu, kula dados lingsem. O nggih Pak, kula badhe cariyos angsal boten?”
Bapak    : “Piye, piye Bu. Ana apa?”
Ibu         : “Mekaten Pak, wau wangsul sekolah si Edho nesu, lambene mecucu.”
Bapak    : “Lha kena ngapa Bu kok nesu ki? Lali ora mbok sangoni po piye?”
Ibu         : “Boten Pak. Edho nyuwun HP, terosipun kepengin kados kanca-kancane.”
Bapak    : “Haduhh, gek dhuwit saka ngendi ta Bu sing arep nggo tuku HP? Gula we ora bisa tuku. Pengin duweke sapa jare Bu?”
Ibu         : “Kepengin kados anggenipun Uun Pak. Menawi Uun menika putranipun juragan. Panjenengan menika kados boten mangertos  polatanipun putranipun piyambak, menawi sampun gadhah kekarepan boten saged dipunaling-alingi.”
Bapak    : “Nyesel Bu duwe bojo kaya aku? Ra duwe gaweyan, nukokake gula we ora isa.”
Ibu         : “Boten mekaten Pak, kula namung kepengin damel bungah Edho Pak.”


Wangsulana pitakonan ing ngandhap menika kanthi leres.
1.      Kenging menapa unjukan ingkang dipundamel Ibu raosipun pait?
a.       Amargi Bapak dereng mundhut gendhis.
b.      Amargi Ibu dereng maringi arta kangge mundhut gendhis.
c.       Amargi Ibu kesupen boten maringi gendhis wonten unjukanipun Bapak.
d.      Amargi Bapak dereng paring arta kangge mundhut gendhis.
e.       Amargi Bapak dereng dipunutus Ibu kangge mundhut gendhis.
2.      Edho lambene mecucu merga…
a.       Ibu dereng blanja
b.      Bapak dereng paring arta Ibu kangge mundhut gendhis
c.       Nyuwun dipuntumbasaken HP
d.      HPne Edho rusak
e.       Bapak nyuwun dipuntumbasaken HP
3.      Kados pundi sipatipun Edho?
a.       Sabar lan sayang dhumateng tiyang sepuhipun.
b.      Menawi sampun gadhah kekarepan boten saged dipunaling-alingi.
c.       Kepengin damel bungah tiyang sepuhipun.
d.      Durhaka marang tiyang sepuhipun.
e.       Pinter anggenipun ngrayu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar